Rabu, 26 Mei 2010

Kawasan Bebas Rokok

Dek Wingine, pas e ya dina kamis,20 Mei 2010, mapan ana ing Gedung Utama Kampus STIKES Muhammadiyah Klaten, di anakake seminar kang mbahas masalah "kawasan bebas rokok ". Ono ing kono dirawuhake nara sumber kang mbahas masalah rokok saka segi agama, segi kesehatan lan saka kepentingan pamerintah daerah.
Manut ngendikane pembicara saka bidang keagamaan mratelakake bilih rokok mono nganti saiki isih ana pirang2 pendapat , nanging yen kira-kira ora ana manfaate utawa malah nyilakakke paling ora awake dewe apamaneh wong liya....iku sing dilarang dening agama.
Yen saka bidang Kesehatan pancen babar blas ora ana manpangate, malah-malah bisa nyilakakke awake dhewe, uwong liya lan luwih-luwih kanggone ibu kang lagi ngandut utawa duwe anak bayi ku banget dilarang , amarga bisa nyilakakke bayi kang lagi dikandut.
sayange nara sumber saka pamerintah isih nonton masalah rokok saka bidang ekonomi, sakjane sing diharapkan ngengingi rokok sik sesambetane karo dampak utawa akibate kanggo masyarakat . Kanti mangkono bisa dadi pepeling yen ora kabeh uwong kuwi seneng rokok, nanging ya akeh ugo sing pengin ngrokok, malah sawetara ono sing wis ketagihan yen bubar mangan kudu ngrokok.
Manut hasil penelitian sik pernah tak waca durung suwe iki, bilih perokok mono sik akeh justru wong kang kurang mampu... ( ana tutuge...)